B. Daerah Sekolah Menengah Pertama Tolong bantu jawab yaa!!​

Tolong bantu jawab yaa!!​

Nggawe ukara saka ragam basa.

1. Ngoko lugu

  • mangan = aku lagi mangan sega goreng
  • ngombe = adhiku ora doyan ngombe jamu
  • mulih = bapak wis mulih saka sawah

2. Ngoko Alus

  • dhahar = ibu mau wis dhahar karo sega pecel
  • kondur = simbah lagi wae kondur saka Semarang
  • gerah = mas Bayu saiki lagi gerah ing rumah sakit

3. Krama lugu

  • kesah = Bulik Anna saweg kesah wau enjing
  • ningali = bapak kaleh mas Bagas ningali bal balan
  • tumut = kula mboten siyos tumut ibu ten peken

4. Krama Alus

  • mirengaken = Adhik mirengaken dhawuhe Bu guru
  • sare = bapak nembe sare wonten mbale
  • siram = saben enjing eyang siram wonten lepen

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

➢ Unggah ungguh basa ana 2 :

1. Ngoko :

Ngoko lugu

Ngoko alus

2. Krama :

Krama lugu

Krama alus

⚫ Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

→ panggonane :

  • padha kanca sadrajat
  • marang wong kang luwih enom

→ tuladhane :

  • Kowe arep menyang endi?

⚫ Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

→ sing dikramakne :

  • wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih
  • panindake, umume arupa tembung kriya
  • kaduwekane, awujud tembung Aran

→ panggonane :

  • dulur enom marang dulur tuwa
  • kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur
  • wong sadrajat kang padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulina Ngoko

→ tuladhane :

  • Panjenengan arep tindak menyang endi?

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

→ panggonane :

  • wong sadrajat sing durung akrab
  • wong sing durung kenal

→ tuladhane :

  • sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

→ panggonane :

  • wong enom marang wong tuwa
  • marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

  • Panjenengan badhe tindak pundi?

Detail Jawaban

  • Mapel : bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

[answer.2.content]